Sumber : http://kolombloggratis.blogspot.com/2011/03/cara-membuat-readmore-otomatis-di-blog.html#ixzz2NC1WQcYk

Sample Text

Blogger templates

Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

Social Icons

Sample Text

Popular Posts

Moderadora

Followers

Featured Posts

RSS

Contoh Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Siswa SMP

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Bapak kepala sekolah ingkng kawula hormati,bapak/ibu guru ingkang kawula hormati, staf karyawan sekolah ingkang kawula hormati, ugi kanca-kanca lan adik-adik sedaya ingkang kawula tresnani. Mangga kita sedaya raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan, sahengga kita sedaya waged makempal ing papan menika tanpa alangan satunggal punapa. Salawat lan salam uga kita raosaken dumateng junjungan kaita nabi Muhammad SAW, ingkang kita tengga-tengga syafa'atipun benjang ing yaumul qiyamah. Ingkang nomer setunggal, kula makili kanca-kanca kelas IX badhe ngaturaken atur panuwun ingkang sakathah-kathahipun dumateng bapak/ibu guru ingkang sampun mbimbing kita, sahengga kula sakanca waged lulus knthi biji ingkang sae. Kula ugi badhe nyuwun ngapunten menawi kula sakanca wonten lepatipun kaliyan bapak/ibu guru lan adik-adik sedaya. Kula sakanca inggih badhe nyuwun tambah donganipun saking bapak/ibu guru lan adik-adik sedaya, mugi-mugi kula sakanca waged nurusaken ing sekolah ingkang kawula lan kanca-kanca idamaken. Kula inggih dongakken mugi-mugi adik-adik sedaya waged minggah kelas kanthi biji ingkang sae. Kula ugi nyuwun supados adik-adik waged njagi asma sae sekolah kita. Mugi-mugi sekolah kita punika dados sekolah ingkang "favorit". Amin... Kula kinten cekap semanten anggenipun kula matur, menawi wonten lepatipun anggenipun kawula matur kula nyuwun sih samudra pangaksami. Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

1 komentar:

antika mengatakan...

matur sembah nuwun

Posting Komentar